꧁ꦏꦺꦭꦔꦤ꧀꧂

supricahdesa:

ꦏꦺꦭꦔꦤ꧀

KELANGAN

꧋ꦩꦫꦁꦱꦥꦧꦏꦭ꧀ꦠꦏ꧀ꦠꦏꦺꦴꦏ꧀ꦏꦺ

ꦲꦶꦭꦁꦔꦺꦥꦺꦴꦥꦺꦴꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦨꦼꦫꦸꦏ꧀ꦭꦶꦩꦂꦫꦤ꧀ꦲꦸꦏꦶꦂ

ꦲꦸꦏꦶꦂꦫꦤ꧀

ꦏꦩꦺꦴꦁꦏꦢꦼꦉꦱ꧀ꦰꦶꦁꦧꦚꦸꦩꦶꦭꦶꦮꦸꦱ꧀

ꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦭ꧀ꦒꦼꦭꦤꦺꦲꦠꦶ

ꦤ꧀ꦝꦼꦣꦼꦂꦮꦱ꧀ꦮꦱ꧀‌ꦩ꧀ꦨꦸꦱꦏ꧀ꦥꦼꦔꦉꦥ꧀ꦲꦉꦥ꧀

ꦩꦼꦫꦶꦠ꧀ꦏꦫꦶꦱꦏ꧀ꦲꦶꦢꦺꦼꦥ꧀

ꦥꦩꦤ꧀ꦏꦁꦔ꧀ꦒꦸꦪꦁꦗꦫꦤ꧀

ꦲꦥꦔꦼꦂꦠꦶꦱꦁꦏꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦫꦤ꧀

ꦥꦩꦤ꧀ꦏꦁꦔ꧀ꦒꦸꦪꦁꦏꦺꦧꦺꦴ

ꦲꦥꦔꦼꦂꦠꦶꦏꦚꦸꦠ꧀ꦠꦺꦧꦫꦁꦭꦺꦴꦫꦺꦴ

ꦥꦩꦤ꧀ꦏꦁꦔ꧀ꦒꦸꦪꦁꦱꦥꦶ

ꦲꦥꦮꦼꦫꦸꦃꦧꦫꦁꦏꦁꦏꦺꦭꦶ

ꦏꦭꦸꦤ꧀ꦏꦭꦸꦭꦸꦤ꧀

ꦩꦶꦭꦶꦂꦏꦶꦤ꧀ꦠꦶ

ꦎ꧈꧈꧈ꦤꦶꦤꦶ꧈꧈꧈ꦏꦁꦩꦸꦱꦸꦱ꧀ꦰꦶ

ꦲꦥꦥꦿꦶꦏ꧀ꦰꦧꦼꦫꦸꦏ꧀ꦏꦁꦏꦺꦭꦶ

ꦥꦺꦴꦥꦺꦴꦏ꧀ꦏꦺꦭꦶꦩꦂꦫꦤ꧀‌ꦪꦱꦸꦭꦩꦤ꧀

ꦧꦼꦫꦸꦏ꧀ꦏꦸꦕꦼꦁꦏꦶꦂꦒꦣꦶꦁꦏꦶꦂꦲꦸꦏꦶꦂꦫꦤ꧀

ꦩꦼꦤꦮꦲꦩꦸꦁꦤꦶꦤꦶꦤꦶꦤꦶꦏꦁꦧꦶꦱꦩꦣꦁꦏꦺꦲꦠꦶ

ꦏꦁꦏꦼꦫꦶꦧꦶꦱꦺꦴꦲꦧꦭꦶ

ꦲꦶꦭꦁꦱꦸꦩꦼꦭꦁꦔꦺꦲꦠꦶ

ꦩꦸꦭꦶꦃꦩꦫꦶꦁꦩꦸꦭꦩꦸꦭꦤꦶꦫ

ꦥꦺꦴꦥꦺꦴꦏ꧀‌ꦪꦱꦤ꧀ꦝꦁꦔꦤ꧀ꦩꦸ

ꦥꦺꦴꦥꦺꦴꦏ꧀‌ꦪꦲꦒꦼꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦩꦸ

ꦮꦶꦱ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦶꦂꦏꦧꦤ꧀ꦝꦁꦗꦩꦤ꧀

ꦏꦸꦩꦶꦠꦶꦂꦧꦼꦣꦃꦲꦶꦁꦥꦶꦁꦒꦶꦂ

ꦢꦺꦴꦤꦢꦺꦴꦩ꧀ꦩꦤꦗ꧀ꦭꦸꦩꦠ꧀ꦠꦤ

ꦏꦁꦒꦺꦴꦱꦺꦧꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦱꦺꦴꦫꦺ

ꦩꦸꦩ꧀ꦥꦸꦁꦥꦣꦁꦉꦩ꧀ꦨꦸꦭꦤ꧀ꦤꦺ

ꦩꦸꦩ꧀ꦥꦸꦁꦗꦼꦩ꧀ꦨꦂꦏꦭꦔꦤ꧀ꦤꦺ

ꦢ꧀ꦭꦶꦔꦺꦴ꧇꧒꧕꧇ꦎꦏ꧀ꦠꦺꦴꦧꦼꦂ꧇꧒꧐꧒꧐

“Marang sapa bakal taktakokke
Ilange popok lan beruk limaran ukir—ukiran
Kamangka deresing banyu mili
Wus nggondhol gelane ati
Ndhedher was—was mbusak pengarep—arep
Merit kari sak idep
Paman kang ngguyang jaran
Apa ngerti sangkan lan paran
Paman kang ngguyang kebo
Apa weruh kenyute barang loro
Paman kang ngguyang sapi
apa weruh barang kang keli
Kalun kalulun
Milir kintir
O… nini… nini kang mususi
Apa pirsa popok beruk kang keli
Popoke limaran ya sulaman
Beruke cengkir gadhing kir—ukiran
Menawa amung nini—nini kang bisa madhangake ati
Kang keli bisoa bali
Ilang sumelange ati
Mulih maring mulanira
Popok ya sandhanganmu
Popok ya agemanmu
Wis kintir kabandhang jaman
Kumitir bedhah ing pinggir
Dondomana jlumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane.

Dlingo, 25 Okt 2018

Gurit ing nginggil wujud keprihatinan kula awit wontenipun owah-owahanipun jaman, ingkang lajeng mbeta ewah-ewahan babagan tata nilai budaya saha agama.
Dipun sanepakaken ‘popok lan beruk keli’.
Popok inggih sandhangan bayi. Bayi menika suci. Dados sandhangan kesucian, agama agemanipun tiyang jawi, ingkang sampun dipun gantos kanthi ;’Baju Barat’(bikini). Kamangka baju barat menika identik kaliyan bangsanipun lelembat, rencangipun Buta Ijo (mripate), Rambut Geni (sanepanipun tiyang Barat/rambut abang), Buta Terong (suwarane bindheng). Sedaya inggih andhahanipun Bathari Durga saha Bathara Kala.
Menawi Durga dhalah Kala sampun ngedalaken kadurakanipun lajeng nuwuhaken mawerni-werni guna, darubeksi, sesakit saha sanesipun. Dados, tiyang jawi sampun kecalan kapribadhen, jati dhiri, awit ngrengkuh ‘Baju Barat’. Baju inggih ageman ingkang sanes agemanipun tiyang jawi.
Pramila kanjeng Sunan Kalijaga sampun paring wewarah ‘Anglaras Ilining Tirta, haywa kongsi kintir’(anuta ilining banyu, nanging aja ngasi keli). Para dhalang lumantar paraga Semar ugi paring piwucal ‘mbegegeg ugeg-ugeg, sadulita humel-humel’. Mbegegeg (meneng), ugeg-ugeg (obah), sadulita (sethithik, kaya ndulit sambel)humel-humel (mangan).
Dados tata nilai menika kedah tansah dipun gondheli, dipun taleni, dipun iket(pramila tiyang jawi lajeng ngagem iket/aqaid, sampun ngantos ucul). Tali(hablun) menika wujud hablun minalloh, saha hablun minanas, ugi hablun min ‘alam. Wonten ing kraton Cirebon lajeng dados Panji-panji utawi gendera. Wujudipun Tri-mina (tiga ikan, satu kepala). Maksudipun inggih njagi 3 tali utawi hubungan ingkang sae antawis (Allah, Manungsa Alam).
Popok wau wujud limaran saking tembung lima aran (simbulipun, kali maha usada/utawi pandhawa).
Kalimasada wau inggih menika:
1.Setya
2. Santosa
3. Leres
4. Pinter
5.Susila
Sedaya wau mboten pikantuk, dipun pisah2.pramila pandhawa menika, sabaya mati sabaya mukti. Tijitibeh, mati siji mati kabeh.
Lajeng ugi kelangan Berug Cengkir Gadhing.
Berug menika wujud cidhug toya, ginanipun kangge sesuci. Kathah sakmenika ingkang sampun nggatosaken dhateng kesucian. Suci menika mboten namung resik. Resik menika babagan lahir, nanging babagan batin lajeng kasebat. ‘Suci’. Berug mboten namung kangge resike raga, nanging kangge sesuci, ugi kangge nyambung gesang kanthi nyidhug banyu bening (toya wening). Pramila sanepanipun cengkir gadhing. Cengkir (kencenge pikir, dadosa. Jaka thingker/pemikir). Nanging sampun ngantos keminter/kemlinthi. Pramila sirah menika dipun paringi blangkon (blangko). Tegesipun ‘kosong’. Puncakipun pikiran menika, nggih namung badhe manggih bingung. Amargi mboten badhe gaduk menawi badhe minggah dhateng tataran, selajengipun. Pramila kedah hanyipta wening kados Begawan Ciptaning (sanepanipun toya wening). Cengkir Gadhing menika werninipun kuning keemasan, pinangka sanepan kamulyan. Tiyang ingkang gadhah emas menika tiyang ingkang dipun anggep mulya gesangipun, nanging menika sanepan estunipun inggih kamulyan.
Nah sadhangan(popok) saha berug ingkang keli wau mahanani ngadhepi jaman kala tidha (jaman kebak kemamangan/ragu). Pramila dipun gambaraken. Ing tembang ilir-ilir ‘kumitir bedhah ing pinggir’
Sandhangan ingkang bedhah, dipun bedhah dening Postugis th 1511,saha Landa 1596.
Ngantos babrak dumugi sak menika. Pramila kita dipun paringi pepemut: penekna blimbing kuwi. Blimbing lingire 5 (kali maha usada/kalima sada), senajan lunyu (susah payah), kanggo mbasuh dodotira. Wangsul dhateng mbasuh sandhangan.
Pramila popok berug keli kalulun ing ilining jaman, niki inggih kedah dipun padosi. Kedah tangled dhateng ingkang paham, Paman kang Ngguyang, Sapi, ngguyang Jaran, ingkang pungkasanipun Nini, ingkang mususi. Sedaya wau maknanipun tiyang ingkang, reresik saking hardaning hawa, napsu hewani. Nanging ingkang saged manggihaken inggih nini-nini.Nini menika wanita ingkang sampun ‘sepuh'(disesep ampuh), mboten namung kados Paman-paman ingkang ngguyang sapi, kebo, jaran. Napa malih ngelmune Paman Sam. Nini menika sanepan ‘rasa’. Pramila tiyang jawi niku tiyang ingkang nengenaken rasa. Menawi pikiran niku sanepanipun lanang, pramila rasa niku sanepanipun wadon. Nini ingkang mususi, tegesipun reresik babagan kang kanggo madhang ben padhang. Inggih menika beras utawi ‘wos’. Wos menika ‘makna’. Menawi makaten, nini menika sanepanipun tiyang ingkang paham babagan ilmu hakekat utawi ngelmu rasa. Maknanipun, mesthinipun menawi badhe pinanggih gesang mulya, ayem tentrem, kita kedah meguru malih dhateng ‘per EMPUan’. Inggih Nini2 artinya empu yang sudah sepuh. Lha menika mboten sanes ngelmunipun Bagendha Kilir/nabi Khidhir. (Ingkang rumeksa toya). Pramila sanepanipun ugi ilir2, lir (kaya dene) kilir (nabi khidhir), tak ijo royo2 (ijo menika nggih panci makna saking khidir menika ijo). Aslinipun naminipun Balya Bil Malkan, ingkang hangajawi.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *