꧃ꦱꦸꦩꦺꦤ꧀ꦝꦺ꧅
꧋ꦲꦶꦁꦠꦮꦁꦧꦶꦫꦸ
ꦠꦏ꧀ꦒꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦱ꧀ꦩꦩꦸ
ꦩꦼꦒꦢꦢꦶꦒꦠꦿ
ꦭꦔꦶꦠ꧀ꦢꦢꦶꦥꦢ
ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃꦲꦺꦢꦶꦱꦸꦱꦱ꧀ꦠꦿꦩꦸ
ꦫꦶꦤꦺꦴꦚ꧀ꦕꦺꦲꦶꦁꦱꦩꦺꦴꦢꦿꦏꦭ꧀ꦨꦸ
ꦗꦸꦩ꧀ꦭꦼꦒꦸꦂꦤꦩ꧀ꦨꦤꦶꦲꦠꦶꦏꦁꦏꦸꦮꦸꦂ
ꦩꦼꦚꦁꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶꦱꦸꦩꦺꦤ꧀ꦝꦺꦤꦺꦫꦱ
ꦩꦫꦁꦢꦠ꧀ꦩꦸꦏꦁꦠꦤ꧀ꦏꦶꦤꦪꦔꦥ꧉
ꦗꦠꦺꦤ꧀꧇꧒꧙꧇ꦣꦺꦱꦺꦩ꧀ꦨꦼꦂ꧇꧒꧐꧑꧗꧇
SUMENDHE
Ing tawang biru
Takgurit asmamu
Mega dadi gatra
Langit dadi pada
Endah edi susastramu
Rinonce ing samodra kalbu
Jumlegur nambani ati kang kuwur
Menyang ngendi sumendhene rasa
Marang Dzatmu kang tan kinaya ngapa
Jaten, 29 Desember 2017