꧁ꦧꦛꦶꦏ꧀‌ꦔꦽꦤꦶ꧂

[2/6 11.45]
Supri Cantrik Ndesa:

ꦧꦛꦶꦏ꧀‌ꦔꦽꦤꦶ

BATHIK NGRENI

BATHIK utawi baguse othak-athik (kreatifitas), ugi kasebat baitul ‘atiq (rumah kecerdasan). Sawenehipun ageman tiyang jawi. Saestu bilih, tiyang jawi mboten namung pana babagan olah boga (tata boga), nanging ugi baut babagan tata busana. Awit busana makaten panci bab ingkang wigatos tumrap gesanging manungsa. Wonten wasita adi ‘Ajining raga saka busana, ajining dhiri saka lathi’. Sak sae-saenipun ageman tumrap tiyang jawi inggih menika libasu taqwa (Klambi Taqwa/ꦏ꧀ꦭꦩ꧀ꦨꦶꦠꦏ꧀ꦮ). Pramila Kanjeng Sunan Kalijaga) lajeng damel ‘Klambi Taqwa’. Wujudipun inggih ‘surjan(ꦱꦸꦂꦗꦤ꧀)’. Surjan saged dipun maknani ‘sura'(wani) sejatine ‘jan'(manungsa), utawi tiyang ingkang kendel (wani). Tiyang ingkang ‘wani’, adatipun inggih tiyang ingkang nglungguhi BENER lan PENER. Pramila motiv bathikipun wujud lurik(ꦭꦸꦫꦶꦏ꧀) (lurus lan ndharik utawi lurus lan becik). Ndharik maknanipun manut paugeran. Dados pesan moralipun dherek dhateng paugeran, ananing mboten ninggal dhateng tata susila (kabecikan).
Kanthi wontenipun ewah-ewahanipun jaman, lajeng bathik ngrembaka, kathi mawerni-werni rerenggan. Nangging sedaya wau ngemu piwucal ingkang sinangling ing rerengganing ageman bathik.
Bathik Semen umpaminipun. Kathah sanget werninipun, semen rama, semen kakrasana, semen ngreni, Semen Ragas, Semen Sawat Mangkara, Semen Taman, Semen Thokol, Semen Garudha, Semen Peksi Purna, Semen Srikaton, Semen Naga Cindula, Semen Naga Bisikan, Semen Naga Uret Manglar, Semen Candhi Mintuna, Semen Nagaraja, Semen Manis, Semen Jalirante, Semen Lung Simbar, Semen candra, saha sanesipun.
Semen(ꦱꦼꦩꦺꦤ꧀), saking tembung semi. Maknanipun ngrembaka, tuwuh, tumangkar, urip, kauripan.
Dados bathik semen mesthi ngrembug babagan tuwuh-tumuwuh-tetuwuhan. Urip/kayu/kayun lan kauripan. ‘Ngreni(ꦔꦽꦤꦶ)’, saking tembung anggraihini, nanging ugi saged angroini/ꦲꦔꦿꦺꦴꦲꦶꦤꦶ (penyawang loro). Wonten ingkang nggayudaken semen ngreni menika kaliyan crita Panji. Rikala Raden Panji mangun tresna kaliyan Anggraini (sanepanipun kawula alit). Mboten kaged menawi para narapraja ugi sang Nata lajeng kirang sarujuk. Amargi dipun anggep bilih R. Panji mandhap kastanipun. Kamangka estunipun inggih minggah. Amargi tiyang ingkang sampun mingkur saking nafsuning satriya, lajeng manjing dhateng ‘brahmana(mungkur saking kadonyan). Anggraini mujudaken sanepan, kawula alit, ingkang purun dados bebanten tumrap kerukunanipun praja, saha ngiwakaken saking kepentinganipun pribadhi.
Angroini tegesipun Panji Asmara Bangun, sampun nggadhahi kalih paningal, rasane dadi Gusti, saha Rasane dadi Kawula. Rasane Dadi Wisnu, lan Rasane dadi Kresna.
Pramila sampun nglenggahi pinangka ‘Khalifatullah (pengganti Alloh)’ugi dados Abdulloh (kawulipun Alloh).
Panji Asmara Bangun, inggih Mbangun Asmara utawi Kuda Waneng Pati, Kuda Wani (sura)ing Pati, utawi tiyang ingkang ‘NIR MALA’, mungkur ing nafsu pribadi (wangsul ing Hyang Sida Jati/seda-mati). Pramila ing cerita panji, mesthi critanipun ninggalaken keraton, tegesipun ngungkuraken ing nepsu kumawasa. Inggih kanthi gesang sithik edhing, ngrasake dadi kawula alit. Dados blusukan menika sampun kawit jaman rumiyin sampun wonten.
Bathik ngreni dipun gambarane simetrik saking 2 unsur. Wonten unsur wit-witan(ꦮꦶꦠ꧀ꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀), ingkang kita lajeng kita kedah enget dhateng kawitan (sangkang-paran), wit ugi kasebat kayu(ꦏꦪꦸ), inggih maknanipun ‘gesang(ꦲꦪꦸ)’. Pramila manungsa kedah enget dhateng gesangipun. Dipun paringi pepeling kanthi sanepan A, I, U (Aku Iki Urip).
Wonten unsur ‘LUNG-LUNGAN (ꦭꦸꦁꦭꦸꦁꦔꦤ꧀)’, ingkang maknanipun saged ‘lelungan’.
Umpaminipun ing tembang Dhandhanggula:

꧋ꦏꦮꦿꦸꦃꦲꦤꦢꦸꦤꦸꦁꦔꦺꦮꦺꦴꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀

ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦨꦺꦚ꧀ꦗꦁꦲꦩꦁꦒꦶꦃꦥꦭꦱ꧀ꦠꦿ

ꦮꦺꦴꦁꦩꦠꦶꦚꦤ꧀ꦢꦶꦥꦫꦤꦺ

ꦲꦸꦩ꧀ꦥꦩꦏ꧀ꦤꦥꦼꦏ꧀ꦰꦶꦩꦧꦸꦂ

ꦲꦺꦴꦚ꧀ꦕꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦸꦫꦸꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦏꦶ

ꦲꦸꦩ꧀ꦥꦩꦮꦺꦴꦁꦭꦸꦔꦱꦚ꧀ꦗ

ꦗꦤ꧀ꦰꦶꦤꦚ꧀ꦗꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦱꦚ꧀ꦗꦮꦗꦶꦧ꧀ꦨꦺꦩꦸꦭꦶꦃ

ꦩꦸꦭꦶꦃꦤꦺꦁꦔꦶꦱꦺꦴꦂꦱꦼꦩ꧀ꦨꦺꦴꦗ꧉

Kawruhana dununge wong urip/
Lamun mbenjang amanggih palastra/
Wong mati nyandi parane/
Umpamakna peksi mabur/
oncat saking kurungan neki/
Jiwa ninggalke raga/
Manjing alam kubur/
Umpama wong lunga sanja/
Jan sinanjan wong sanja wajibe mulih/
Mulih neng ngisor semboja/.

Dados tiyang gesang dipun ibarataken tiyang ingkang SANJA (lelungan), ingkang samangkihipun tartamtu badhe wangsul.
Lung-lungan ugi maknanipun tulung-tulungan (wata’awanu ‘alal birri wa taqwa, walaa taawannu ‘alal istmi wal ‘udwan). Sanesipun wonten ingkang rerenggan tawon, inggih maknanipun (taawwun: tulung-tinulung). Rerenggan Kupu saking tembung khauf (wedi), laa khaufun ‘alaihim walaahum yahzanun(tiyang ingkang iman menika mboten perlu ajrih saha khawatir). Primila ing tata boga, kapurih damel jangan gudheg (maknanipun inggih aja khawatir aja bingung, aja judheg). Utawi sayur ‘pitu’, ingkang maknanipun inggih pitulungan.
Gambar DHAMPAR/ꦣꦩ꧀ꦥꦂ(simbol kekuasaan)(daha/panjalu) inggih wujud lahiripun, wujud batosipun inggih ‘donya saha akhrerat’. Pramila kakalihipun kedah rukun, inggih kanthi panuwun rabbana atina fidunya hasanah, wafil akhiroti hasanah.
Pramila Panji tetep kedah hanjatukrama dhateng Galuh Candra Kirana, supados pikantuk kamulyaning gesang. Galuh ugi galih, utawi manah. Awit dunungipun asmara menika inghih wonten ing manah. Manawi saged nyawiji, pramila saged damel pepadhanging jagad, kados dene padhanging Candra dhalah Kirana.
MERU(ꦩꦼꦫꦸ) saking tembung mahameru, inggih sawenening Gunung papanipun para Dewa. Gunung utawi GIRI, menawi ing tata boga inggih ‘tumpeng'(TUMuju ing PENGeran). Wonten ing pakeliran dados gunungan (kayon), wangsul dhateng pangertosan kayun (gesang). Amargi ing gunung menika panci sedaya wonten(secara lahiriah ipun), nanging makna tersirat inggih nggambaraken ‘laksita jati’, lampahing manungsa dumugi kasampurnan.
Meru, me-RUH-i, lajeng dados kawe-RUH. Inggih kawruh sangkan paran, saya mucuk saya rumpil.
LAR GURDHA(ꦭꦂꦒꦸꦂꦣ), utawi elar garudha (tegesipun swiwi). se-wi-wi menika ginanipun kangge mabur.
Cobi dipun tingali ing tembang Dhandhanggula ing nginggil ‘umpakma peksi mabur oncat saking kurungan neki’. Supados manungsa menika saged pinanggih luhur (ndhuwur). Pramila inggih kedah gadhah elar. Elaripun inggih: ngelmu-amal, amal-ikhlas,
Iman-taqwa,
Pramila, menawi panjinipun NGELMU dipun pisah kaliyan Anggraheninipun (AMAL), inggih mboten bathi, tuwuh raos sedhih, prihatin(perih atine).
Semanten ugi amal-lan ikhlas, iman lan taqwa.
Panjalu -panjala pramila kedah saged njala/nintingi ngukupi. ‘Kenoa iwake ora buthak banyune’
‘Njala’ menika ndherek piwucalipun Sunan Geseng (Eyang Cakra Jaya), pramila maqomipun katelah ‘Njalasutra’, njala ing Jalanidhi (segara). Iwak utawi MINA. Ingkang kangge njala nggih mboten sanes saking TALI, ingkang dipun tangsulaken. Tali menika HABLUN. Ingkang kangge ngukup MINA.
Wujudipun:
1.Hablun MINA-nnas
2.Hablun MINA-alam
3.Hablun MINA-Alloh

Tiyang ingkang saged njala babagan 3 perkawis wau tartamtu badhe slamet ing donya akheratipun.
Kedhiri, tegesipun tiyang badhe suluk sangkang paran menika, kuncipun kedah saged kenal dhateng awakipun piyambak (ke DHIRI). “Man arofa nafsahu faqod arofa, rabbahu”(sapa kang ngaweruhi marang DHIRIne mula bakal ngaweruhi marang Gustine). Sak derengipun KEDHIRI kedah PONOROGO rumiyin (ngaweruhi marang ragane)
Werna Biru SEGARA(ꦱꦼꦒꦫ). Menika panci konsep ingkang sampun Baken kawit rumiyin, bilih kita menika negari ingkang Maritim/Bahari.
Pramila: Segara Gunung,
Utawi GIRI sa GARA (menika wujud elar ingkang mboten saged dipun pisah), kalebet ing jaman Majapahit, Mataram, ngantos Ngayogya-Surakarta.
Ngayogya-surakarta ugi ‘elar'(nyawijinipun inggih Mataram). Dados menawi ngrembag babagan Ngayogya – Surakarta niku sami.
Sami mawon ngrembak Mataraman.
Hadeging Kraton Ngayogya menika dipun paringi sengkalan ‘DWI NAGA RASA TUNGGAl'(wujud naga ungkur-ungkuran ingkang pinanggih ing pethit).
Sengkalan menika ugisaged dipun waos DWI NAGARA SATUNGAl. (Tegesipun Jogja-Solo, menika sawiji)
GIRI gunung sa GARA, mujudaken se WI-WI, WI basa kawi, maknanipun luhur. Luhur saged ugi dipun maknani ndhuwur. Manungsa mbetahaken kaluhuran ingkang wujudipun pasangan. Menawi pintu inggih pintu kupu tarung. Pramila ing donga tiyang mbangun bale griya (omah-omah: se-WI-WI), menika mawadah warohmah(rahman-rahiim: sewiwi)
Asam digunung garam di laut bertemu di belanga. Belanga menika sanepanipun manungsa, pinangka jagad alit, ingkang ngemot sagunging kanyatan.
Samodra inggih sanepanipun manah. Inggih samodra minang kalbu. Giri inggih sanepanipun pikiran, Sapta Arga (7 level pemikiran), Arga Indrakila (Papanipun Arjuna mesu budi, katelah Begawan Cipta-ening). Mapanipun inggih wonten sirah. Pramila kangge kamulyaning gesang kedah mbeta swiwi HEAD kalian HEART (OTAK dan Hati).
Sirah inggih GIRI, sanepanipun Ki Ageng Giring, saha ATI, MANAH sanepanipun Ki Ageng Pemanahan.
Manah andadosaken Sutawijaya PANEMBAHAN (Abdulloh), Ki Ageng Giring andadosaken sutawijaya KHALIFATULLAH(sanepan klapa: khalifah) ing sanepanipun wahyu GAGAK-EMPRIT.
Kados wonten ing tembang:
꧋ꦮꦶꦠ꧀ꦠꦶꦁꦏ꧀ꦭꦥꦗꦮꦠꦲꦶꦁꦔꦂꦕꦥꦢ꧈

ꦱꦭꦸꦒꦸꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦮꦤꦶꦠ꧈

ꦣꦱꦂꦚꦠ꧈

ꦏꦸꦭꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦗꦗꦗꦃꦥꦿꦗ꧈

ꦲꦶꦁꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦱꦸꦫꦏꦂꦠ꧉

Witing klapa, Jawata ing ngarca pada, salugune wong wanita, dhasar nyata, kula sampun njajah praja ing Ngayogya-Surakarta.
Witing klapa (glulu), makna lugunipun nggih KHOLIFAH: klapa(maknanipun pengganti) kholifatulloh (pengganti Alloh: JAWATA ing NGARCA PADA, amargi Gusti manjalma, tumedhak turun ing manungsa).
Wong Wanita, tegesipun WANI NATA. NATA maknanipun Ratu. Menapa mboten ngginakaken tembung Raja, amargi Ratu ing jawa menika mboten maskulin (galak, sangar), nanging feminin (najan lanang sarwi wadon), tegesipun lantip pikire, landhep rasane.

ꦒꦸꦫꦶꦠ꧀ꦭꦸꦔꦶꦠ꧀

4 gagasan untuk “꧁ꦧꦛꦶꦏ꧀‌ꦔꦽꦤꦶ꧂”

  1. Luar biasa narasi dan filosofinya . Layak untuk diterbitkan. semangat terus dilajengaken

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *