ꦩꦼꦏꦿꦺꦴꦏ꧀ꦏꦺꦏꦼꦩ꧀ꦨꦁ ꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀

ꦩꦼꦏꦿꦺꦴꦏ꧀ꦏꦺꦏꦼꦩ꧀ꦨꦁ
ꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀
MEKROKE KEMBANG KATRESNAN

Karipta: Supri Cantrik Ndesa

“Pokoke ora oleh Mbak. Iki wis kesepakatan warga. Mbak Mia ora oleh manggon ana kene”, mangkono panundhunge Pak Kadhus Ngunut marang Miarsih.
“Pak, mbok welas kalih kula ta Pak, kula niku mboten gadhah sedherek sinten-sinten. Simah nembe mawon kapundhut amargi positif corona, mangka kula ditinggali tanggelan bayi alit ngeten, napa njenengan nggih mentala ta Pak?”. “Pak Kadhus ampun miyur lho Pak, niki bab keslametane warga sadhusun. Mangkih yen mbak Mia taksih ten mriki, terus srawung tangga teparo, lha trus nularke penyakit corona, repot lho Pak. Karepe arep nulung ning malah nggawa cilaka tumrap wong akeh”. Mangkono celathune Darmin, Ketua Pokgiat, kang ngelingake marang Pak Kadhus Tarjo.
“Iya Lik, aku ngerti”, wangsulane Pak Kadhus. “Ngene mbak, tak ambali sepisan meneh, aku njaluk pangapura, pokoke Mbak Mia tak wenehi wektu kanggo tata-tata, lan enggal budhal lunga saka kene”. “Pak, terus kula kedah kesah wonten pundi?”. “Wah, yen pekara kuwi urusanmu Mbak, ning sing genah Mbak Mia kuwi statuse ODP, orang dalam… dalam… “. “Orang Dalam Pantauan”, sambunge Pak Tarjo. “Nah… kuwi mau sing dingendikakke Pak Kadhus, Mbak Mia aja ngasi gawe resah warga kene”, Darmin nrambul omongan.
“Kang Darmin, sampeyan niku duwe rasa apa ora, mbok yen ngendika kuwi sithik edhing. Coba sampeyan rasakke, kepiye yen sampeyan sing nglakoni kaya aku”. “Wis-wis, Mbak Mia lan Lik Darmin, mengko mundhak kedawa-dawa. Saiki bali neng underane perkara. Tulung Mbak Mia enggal lunga saka kene, timbang mengko sing nundhung warga” Pak Tarjo mungkasi rembug. Miarsih sawetara mbegogok, luhe metu sajagung-jagung. Awak lemes nggedhobyok, atine keranta-ranta. Yagene dhewekke kang lagi nandhang sungkawa, malah kudu nampa kanyatan kaya mangkene. Sajroning atine gugat marang Gustine, yagene matumpa-tumpa kahanan pait getir kudu diadhepi.
“Pun Mbak Mia, mangkih kersane didugekke Pak Jagabaya Tri Harsa, dumugi protelon Nggadhing, pangapurane ya Mbak”.
“Nggih, Pak Tarjo. Kula nggih nyuwun pangapunten sampun damel geger dhusun mriki”.
“Pak Tri, mangkih Mbak Mia, dugekke margi ageng supados gampil pados kendharaan. Ampun kesupen ngagem peralatan standart covid 19”.
“Nggih Pak, siap”.
Miarsih gage tata-tata, sing digawa amung sandhangane lan sandhangane anake. Pikirane bingung merga durung duwe papan kang bakal dituju.
“Pun siap Dhik Mia? “pitakone Pak Jagabaya.
“Nggih Pak, nyuwun tulung nggih Pak”.
“Ya, Dhik Mia. Tulung maskere diagem ya, trus nganggo kaos tangan “.
“Nggih, Pak”.
Ora let suwe Pak Jagabaya wus nyetater motore. Miarsih mbonceng mburi. Sadalan-dalan Miarsih, isih sesenggrukan. Anake sing isih umur 7 sasi iku, kala-kala nangis. Menawa wae melu bela marang kesusahane wong tuwane. “Sabar ya ngger, muga-muga Gusti paring pitulung”. Sejatine Mia dhewe ora ngerti, apa bisa teteg lan sabar ngadhepi kahanan iki. Tahun iki pancen ujian kang abot tumrape Miarsih. Bojone kang dadi lendheyan uripe malah bali ngayunan, merga kena virus covid. Mia dhewe wis sawetara metu saka kerjane merga nglahirke lan banjur kudu momong anake kang isih bayi. Gajine bojone kang mung buruh gendhong neng pasar, mesthi wae ora cukup yen arep ngingu rewang. Kanggo mangan wae mung pas-pasan. Apa maneh urip ing ibukota sing apa-apa kudu tuku. Saiki Miarsih mung kari dhewekan nanggung uripe dhewe lan anake. Niyate bali neng ndesa, arep usaha cilik-cilikan bukak warung, utawa tani. Sing penting isa kanggo nyambung urip. Ora ngira yen kedadeyane malah kaya ngene.
“Dhik Mia, iki wis tekan dalan gedhe, gek kepiye? Sampeyan trus arep nyangdi?”. Ujare Pak Jagabaya.
“Lha, niku pak kula nggih bingung. Pundi-pundi sami lockdown. Mboten nampi tiyang saking njawi. Gek niki sampun ajeng surup surya”, semaure Miarsih.
“Piye ya, aku jane ora mentala. Apa ngene Dhik, aku rak duwe sedulur ana lereng merapi. Dheweke duwe villa ing cedhak omahe. Yen kahanan ngene iki, menawa okeh kosonge. Yen Dhik Mia gelem, piye yen sawetara manggon kana. Mengko tak tembungke”
“Maturnuwun Pak Tri,mboten ngrepoti ta?”
“Ora Dik, aku mesakke bayimu barang. Timbang kowe ora oleh tumpakan, piye yen tak terke sisan”.
“Wadhuh, estu Pak? maturnuwun sanget”.
“Wis, ayo gage numpak motorku, selak peteng”.
Dalan Wonosari-Jogja pancen katon sepi, sawuse Pemerintah Jogja weneh kawicaksanan calmdown wargane supaya stay at home (manggon ana ngomah), kejaba ana bab-bab kang wigati. Mung anehe dalan-dalan gang padha dipalangi lan ditulisi ‘lockdown’, ‘Jalan ini ditutup untuk sementara’. Malah ana uga kang diplesetke ‘Sementara lauk daun’. Maneka warna tulisan, kang duweni pangajap pencegahan virus covid 19. Maneka tulisan mau wujud uneg-uneg uga tanggapane warga masyarakat nanggapi pageblug kang ngedap-edapi. Sejatine Sultan Hamengku Buwana X mung paring dhawuh calmdown, yaiku kanthi nguwatake batin. Reresik dhiri lahir batin, supaya bebendu enggal oleh dalan padhang. Amung tanggapane warga pancen beda-beda. Ana sing keweden, ana sing biasa-biasa wae, ning ya ana kang kliwat kendel kurang duduga.
Udakara bedhug maghrib, Mbak Mia lan Pak Jagabaya wus tekan Cangkringan, nggone sedulure Pak Jagabaya Tri Harsa. “Nuwun, assalamu ‘alaikum Mas…”
“Weh, kadingaren Dhik Tri, ta?” Pawongan gedhe dhuwur iku metu saka peringgitan.
“Nggih, Mas. Nembe badhe bidhal masjid napa? ”
“Iya, biasa. Lha arep ngapa ta Dhik, ya mung ngene iki kegiatane wong pensiunan”
“Mriki mboten dilarang jama’ah ten masjid napa. ”
“Ora, sing penting padha bisa njaga ta Dhik. Warga wus padha sadhar, sing penting sregep cuci tangan, wudhu, adus. Karo jaga jarak lan nganggo masker. Lho, lha iki sapa? ”
“Anu niki… niki anu, Dhik Mia. Warga Dhusun Ngunut Mas”. “Lha, kok tekan kene karo Dhik Tri, banjur ana kepentingane apa?”.
“Nuwunsewu Mas, menika lajeng ngganggu anggenipun badhe jama’ah.”
“Ya, wis ora papa. Kae ya wus kadhung iqamat”.
“Ngaten lho Mas, Dhik Mia niki rak garwane nembe mawon kapundhut amargi covid 19, gandheng wonten Jakarta menika piyambakipun namung kontrak, lajeng dipun tundhung kaliyan ibu kosipun, pramila wangsul dhateng ndhusun. Karanten kita menika nembe ngadhepi pageblug ngaten niki, warga sami mboten nampi menawi Dhik Mia manggen ing dhusun. Dhik Mia lajeng dipun tundhung. Mila kula kedharang-dharang mriki, nyuwun lilahipun kangmas, sawetawis wekdal kersanipun manggen ing Villa kagunganipun kangmas”.
“Walah, lha mbok iya, kathik melas temen. Gek kagungan putra cilik barang.”
“Bapak, boten ajrih menawi kula mbeta virus? ” Mia paripeksa nrambul omongan.
“O..alah Mbak, virus kuwi ora perlu diwedeni. Lha rak ya padha-padha makhluke Gustialloh, ta?. Angger awake dhewe tansah njaga kesucian, ya muga-muga wae kalis saka penyakit. Ewadene awake dhewe wis kupiya bab kesehatan kok banjur tetep isih kena, ya mbok menawa iku wus jatahe. Awake dhewe ora bisa suwala marang pepesthen”.
“Wis kono Dhik, Mbak Mia digolekke papan. Siram, sembahyang dhisik, gek dhahar. Pangapunten nggih Mbak Mia, kula ajeng sembahyang riyin”
“Nggih Pak, maturnuwun”
“Iki Dhik kuncine, mengko yen wus ngaso, gek ngobrol karo mbakyumu kana”.
Mia lagi bisa unjal ambegan landhung, jebul ora kabeh wong kuwi duwe watak kejem. Menawa ya ngene iki isine jagad. Ana kang nduweni rasa tepa selira, sithik edhing, nanging uga ana kang babar blas ora duwe rasa kamanungsan.
“Dhik, ayo tak terke neng villa sebelah”
“Nggih Pak Tri”
“Mbok aja nyeluk Pak, ta. Mas ngono wae, apa aku wis ketok tuwek pa? ”
“Mboten kok, Pak, eh…. Mas”.
“Lho… dibaleni. ”
Villa karo omahe kangmase Tri Harsa ora adoh mung udakara 20 meter. Tri Harsa wus mbukak lawang, banjur nguripke lampu.
“Mlebu Dhik, selak mesakke anakmu. Arep milih kamar ngendi terserah. Apa kamar sing gedhe wae supaya sampeyan ora repot. Neng kana wis ana kamar mandhine sisan”.
“Nggih, Mas. Maturnuwun.” Miarsih tumuju kamar kang dituding Tri Harsa, banjur nuroake anake kang katon angler amerga kekeselan.
“Mas…… “Miarsih nyeluk Tri Harsa sajak ana kang bakal diomongake.
Dumadakan atine Tri Harsa tratapan, embuh daya apa kang dirasakake, nanging keteg jantunge krasa rada banter.
“Mas…nyuwun tulung nggih, kula ajeng adus. Tunggokke lare kula, ning nyuwun pangapunten nggih Mas”
“Nggih,,, ech ya Dhik, rapapa. Tenang wae tak tunggokke”.
Tri Harsa wiwit nggrayangi rasane dhewe. Yagene dheweke tuwuh rasa welas marang Miarsih, nanging apa bener mung rasa welas? Aja-aja ana rasa liya, kang selawase iki durung nate dirasakake rikala ketemu wanita liya. Kamangka tepungane iya ora sethithik. Mosok iya dheweke nibakane rasa tresna marang randha kang nembe wae tepung. Nanging tresna pancen sawijining cangkriman, kang ora saben wong bisa mbatang. Terus yen dheweke tresna, apa salahe?
Mia mbukak pintu kamar mandhi, jantunge Tri Harsa tambah banter anggone dheg-dhegan. Mia metu saka kamar mandi kanthi andhuk kang trima disuwelake.
“Mas, ngapunten. Sandhangane lali, isih neng ngetas. Mangka sing tak enggo kadhung tak cuci”.
Tri Harsa ora bisa semaur. Mung kami tenggengan. Jebul kulite mia putih, resik. Apa maneh bubar adus. Dhasare bubar babaran, awake katon seger mranani.
“Anakmu ayu banget Dhik, kaya ibune”.
Tri Harsa golek pawadan, asline ya mung arep ngomong yen Mia ayu.
“Alah, napa enggih ta mas, mbok ampun ngalem”.
Sing dipancing tambah ndadi. “Tenan kok Dhik”.
“Mas Tri pun kagungan garwa? ”
“Urung Dhik, sapa sing gelem karo aku”
Tri Harsa adu ulat marang Miarsih. Pawongan loro padha nyangga rasa kang padha, nanging padha menggak rasane dhewe-dhewe. Ana bab kang isih ngganjel ing rasa. Apa iya pantes, Miarsih kang lagi wae kelangan sisihan, banjur gampang nibakake rasa tresna. Mula Tri Harsa banjur munggel pangulandarane rasa:”Eh Dhik, wis gek ganti, mengko bubar sembahyang, tak tunggu neng daleme kangmas ya. Anakke digendhong wae”.
“Mas, kula ngaturaken panuwun nggih, sampun keraya-raya mbelani kula”
Wiwit iku, Miarsih duwe PR anyar babagan tresna kang durung gamblang kawusanane. Dheweke isih mamang, ngenani dina sesuk kang isih dhedhet kasaput pedhut, wiwit papan dunung kang durung cetha, ora cekel gawe, duwe anak sing butuh pangan ing tembene. Uga ngrasakke pageblug, kang durung cetha kapan bakal sirepe.
***
Tangan kang alus, putih mulus iku banjur samekta buku agendha lan polpen, nganggit gurit kinarya prasasti tuwuhe tresna marang priya kang tumeka tanpa kanyana.

꧋ꦗꦁꦏꦲꦶꦏꦶꦏꦸꦢꦸꦠꦏ꧀ꦗꦁꦏꦃ
ꦔ꧀ꦭꦶꦮꦠ꧀ꦠꦶꦥꦼꦣꦸꦠ꧀ꦭꦼꦭꦶꦩꦼꦁꦔꦤ꧀
ꦔ꧀ꦒꦼꦤꦼꦥꦶꦊꦭꦏꦸꦭꦤ꧀ꦭꦼꦭꦏꦺꦴꦤ꧀
ꦲꦧꦺꦴꦠ꧀ꦏꦫꦱꦥꦼꦫꦶꦃꦲꦶꦁꦣꦣ
ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦗꦶꦤꦶꦮꦶꦠ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦲꦶꦠ꧀ꦒꦼꦠꦶꦂꦫꦺꦏꦲꦤꦤ꧀
ꦢꦢꦶꦥꦤꦺꦴꦣꦶꦗꦼꦗꦼꦒ꧀ꦒꦺꦲꦶꦩꦤ꧀
ꦫꦶꦏꦭꦗꦶꦮꦱꦶꦤꦼꦧꦶꦠ꧀ꦏꦶꦁꦏꦶꦤ꧀
ꦠꦠꦸꦧꦶꦫꦸꦏꦱꦮꦸꦂꦲꦮꦸ
ꦠꦔꦶꦱ꧀ꦤꦢꦢꦿꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦢꦶꦤꦸꦮ
ꦗꦶꦮꦗꦶꦮꦮꦼꦔꦶꦱ꧀ꦠꦺꦒꦩꦶꦭꦫꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦒꦶꦫꦶꦱ꧀
ꦗꦶꦮꦲꦶꦤꦠꦤ꧀ꦥꦫꦺꦴꦮꦁ
ꦧꦶꦤꦸꦮꦁꦱꦼꦩ꧀ꦥꦿꦸꦁꦠꦤ꧀ꦥꦥꦺꦠꦸꦁ
ꦫꦱꦩꦠꦶꦫꦱ
ꦠꦶꦤꦺꦠꦺꦂꦗꦩꦤ꧀ꦏꦭꦠꦶꦣ
ꦥꦒꦼꦧ꧀ꦭꦸꦒ꧀ꦭꦼꦭꦫꦢꦢꦶꦠꦼꦔꦫ
ꦱꦥꦏꦁꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦗꦼꦗꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁꦥꦿꦱꦥ
ꦢꦭꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶꦏꦶꦢꦸꦠꦏ꧀ꦲꦩ꧀ꦨꦃ
ꦱꦼꦤꦗꦤ꧀ꦲꦧꦺꦴꦠ꧀ꦏꦫꦱꦱꦪꦃ
ꦢꦸꦩꦢꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦲꦤꦠꦼꦏꦼꦤ꧀ꦏꦁꦧꦶꦱꦢꦢꦶꦕꦸꦮꦏ꧀
ꦩꦫꦁꦲꦮꦏ꧀ꦫꦶꦁꦏꦶꦃꦏꦼꦧꦏ꧀ꦫꦸꦥꦏ꧀
ꦩꦸꦒꦧꦶꦱꦲꦢꦢꦶꦥꦚꦸꦫꦸꦁ
ꦏꦁꦒꦺꦴꦗꦶꦮꦏꦁꦭꦒꦶꦧꦶꦔꦸꦁ
ꦱꦼꦤꦗꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃꦲꦶꦱꦶꦃꦢꦢꦶꦕꦁꦏꦿꦶꦩꦤ꧀
ꦲꦶꦁꦮꦼꦏ꧀ꦠꦸꦮꦼꦏꦠꦸꦏꦁꦢꦸꦫꦸꦁꦏꦧꦠꦁ

ꦩꦪꦂꦱꦶꦃ꧈
ꦭꦺꦫꦺꦁꦩꦼꦫꦥꦶ꧈꧇꧑꧑꧇ꦩꦉꦠ꧀꧇꧒꧐꧒꧐꧇

Jangka iki kudu takjangkah
Ngliwati pedhut lelimengan
Nggenepi laku lan lelakon
Abot karasa perih ing dhadha
Urip jiniwit dening pait getire kahanan
Dadi panodhi jejege iman
Rikala jiwa sinebit kingkin
Tatu biru kasawur awu
Tangis ndadra ora bisa dinuwa
Jiwa-jiwa wengis
Tega milara ing jaman giris
Jiwa ina tanpa rowang binuwang semprung
Tanpa petung
Rasa mati rasa
Tineter jaman kalatidha
Pageblug lelara dadi tengara
Sapa kang tetep jejeg prasapa
Dalan iki kudu tak ambah
Senajan abot karasa sayah
Dumadakan ana teken kang bisa dadi cuwak
Marang awak ringkih kebak rupak
Muga bisaa dadi panyurung
Ing jiwa kang lagi bingung
Senajan kabeh isih dadi cangkriman
Ing wektu-wektu kang durung kabatang.

Miyar-Sih
Lereng merapi, 11 Maret 2020.

ꦒꦸꦫꦶꦠ꧀ꦭꦸꦔꦶꦠ꧀

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *